Kamis, 07 September 2017

Lirik Kidung Wahyu Kolosebo

Assalamualaikum Wr. Wb.
Ya, kali ini saya mau post lirik Kidung Wahyu Kolosebo
Berikut tulisannya :v

Kidung Wahyu Kolosebo

Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubedo
Hinggo pupusing jaman

Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko
Maper hardaning ponco, saben ulesing netro
Tinambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan
Sang hyang jati pengeran

Jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku
Tumuju dateng gusti, dzat kang amurbo dumadi
Manunggaling kawulo gusti, kreteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun, tanpo piranti

Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
Maneko warno prodo, mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno
Tyasing roso mardiko

Mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
Yekti dadi mustiko, sajeroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono
Byar manjing sigra-sigra

Ampuh sepuh wutuh, tan keno iso paneluh
Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah
Satriyo toto sembodro, wirotomo katon sewu kartiko
Ketaman wahyu Kolosebo

Memuji ingsun kanthi suwito linuhung
Segoro gondo arum, suh rep dupo kumelun
Tinulah niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur
Titahing sang hyang agung

Rembesing tresno, tondo luhing netro roso
Roso rosoning ati, kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro, kondang dadi pepadang
Palilahing sang hyang wenang

Nowo dewo jawoto, tali santiko bawono
Prasido sidhikoro, ing sasono asmoroloyo
Sri narendro Kolosebo, winisudo ing gegono
Datan gingsir, sewu warso

Ya, itu tadi lirik Kidung Wahyu Kolosebo mohon maaf, karena saya terlalu payah...
Terima kasih perhatiannya
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar